Crita pas Aku Cilik
Pas aku iseh cilik, aku tau ngaji Qur'an nang Kenteng. Nang
SD Kenteng ana musholla cilik sing biasa dienggo ngajar ngaji. Sing ngajari
ngaji jenenge Pak Asnawi lan Pak Birin. Jane nek anakke tangga tanggaku sinau
ngajine nang Kang Jawaher. Deweke wong pondokan lan biasa ngajar ngaji. Aku wes
tau nyoba sepisan, ning ora betah. Mbuh kenapa. Pas ngerti nek kanca SD-k ulan
Mbak Yu-ne ngaji nang Kenteng, aku melu. Apa maneh kanca dolanku sing ngomahe
ana Kenteng padha ngaji nang kono.
Dina pertama aku meh ngaji, sakjane rada males mangkat. Aku
meh ora sida mangkat ngaji pas iku. Bubar tak pikir pikir, nek aku ora mangkat
dina iki, sesuk dadi dina pertama aku ngaji. Nek sesuk aku ya ora mangkat,
sesuke sesuk dina pertamaku ngaji. Nek aku males mangkat terus, kapan aku bakal
ngaji. Soale padha wae, aku mangkat saiki apa sesuk, aku bakale ngaji. Ya wes, dina
iku aku sidane mangkat ngaji.
Ngaji nang Kenteng biasane khi bar maghrib. Dadi aku
mangkate sakdurunge maghrib, mengko maghribane nang kana. Bar maghriban nembe
pada ngaji. Nek ngaji biasane macane ping telu, ngaji dewe, lebar iku ngaji
nang ngarepe Pak Kyai, lebar iku mbaleni dhewe apa sing diajari Pak Kyai. Tingkatanne
ngaji khi ana ngaji Iqro’, Juz Amma nembe Al Qur’an. Biasane sih sing bocah
cilik cilik ngajine ndisik, lebar kuwi balik ngomah. Aku pas awal awal ya ngono
kuwi, bar rampung bali. Saya tuwa balike bar Isya’, Isya’an dhisik nang kana. Kan
nek wes tuwo ngajine keri, kadang mepet Isya. Nek muleh biasane sih mlaku,
mangkate ya ngaono. Kadang dipethuk mamak, kadang ora. Kadang ana kancane,
kadang dewean.
Pas pertama aku ngaji Qur'an, aku diajarine mung 3 ayat, iku
ora ngasi setengah halaman. Pak Asnawi ngendika, "Sithik sithik ndisik ya
Kar, ben kerasa. Kaya wong mangan, sithik sithik sing penting kerasa". Nek
tak pikir pikir, ana benere apa sing dingendikake Pak As. Apa kowe kuat nguntal
panganan sakpiring sepisanan? Kayake ya ora kuwat, gumoh mesti. Ora ketang
panganane sing enak enak kaya iwak iwakan, kabeh rasane pada nek diuntal
sepisanan. Mending mangane sithik sithik, iwak kerasa iwak, tahu kerasa tahu, turna
kerasa penak nang awak lan ilat. Nek aku ndeloke kahananku saiki pas kuliah,
kayake akeh sing salah. Nang kuliahan biasane langka sinau, sinaune mung
sepisanan pas meh ujian. Sisteme dikebut sakwengi. Dadine kadang ngelmu iku ora
kerasa enak. Iki kayake kudu tak dandani.
.
Sapurane saumpama basa Jawane amburadul. Iseh pertama nyoba nulis ngo basa Jawa. Aku ngrasane, aku wong jawa ning langka nulis ngo basa jawa, dadi saiki aku nyoba. Matur suwon.
Komentar
Posting Komentar