Crita pas Aku Cilik

Pas aku iseh cilik, aku tau ngaji Qur'an nang Kenteng. Nang SD Kenteng ana musholla cilik sing biasa dienggo ngajar ngaji. Sing ngajari ngaji jenenge Pak Asnawi lan Pak Birin. Jane nek anakke tangga tanggaku sinau ngajine nang Kang Jawaher. Deweke wong pondokan lan biasa ngajar ngaji. Aku wes tau nyoba sepisan, ning ora betah. Mbuh kenapa. Pas ngerti nek kanca SD-k ulan Mbak Yu-ne ngaji nang Kenteng, aku melu. Apa maneh kanca dolanku sing ngomahe ana Kenteng padha ngaji nang kono.

Dina pertama aku meh ngaji, sakjane rada males mangkat. Aku meh ora sida mangkat ngaji pas iku. Bubar tak pikir pikir, nek aku ora mangkat dina iki, sesuk dadi dina pertama aku ngaji. Nek sesuk aku ya ora mangkat, sesuke sesuk dina pertamaku ngaji. Nek aku males mangkat terus, kapan aku bakal ngaji. Soale padha wae, aku mangkat saiki apa sesuk, aku bakale ngaji. Ya wes, dina iku aku sidane mangkat ngaji.

Ngaji nang Kenteng biasane khi bar maghrib. Dadi aku mangkate sakdurunge maghrib, mengko maghribane nang kana. Bar maghriban nembe pada ngaji. Nek ngaji biasane macane ping telu, ngaji dewe, lebar iku ngaji nang ngarepe Pak Kyai, lebar iku mbaleni dhewe apa sing diajari Pak Kyai. Tingkatanne ngaji khi ana ngaji Iqro’, Juz Amma nembe Al Qur’an. Biasane sih sing bocah cilik cilik ngajine ndisik, lebar kuwi balik ngomah. Aku pas awal awal ya ngono kuwi, bar rampung bali. Saya tuwa balike bar Isya’, Isya’an dhisik nang kana. Kan nek wes tuwo ngajine keri, kadang mepet Isya. Nek muleh biasane sih mlaku, mangkate ya ngaono. Kadang dipethuk mamak, kadang ora. Kadang ana kancane, kadang dewean.

Pas pertama aku ngaji Qur'an, aku diajarine mung 3 ayat, iku ora ngasi setengah halaman. Pak Asnawi ngendika, "Sithik sithik ndisik ya Kar, ben kerasa. Kaya wong mangan, sithik sithik sing penting kerasa". Nek tak pikir pikir, ana benere apa sing dingendikake Pak As. Apa kowe kuat nguntal panganan sakpiring sepisanan? Kayake ya ora kuwat, gumoh mesti. Ora ketang panganane sing enak enak kaya iwak iwakan, kabeh rasane pada nek diuntal sepisanan. Mending mangane sithik sithik, iwak kerasa iwak, tahu kerasa tahu, turna kerasa penak nang awak lan ilat. Nek aku ndeloke kahananku saiki pas kuliah, kayake akeh sing salah. Nang kuliahan biasane langka sinau, sinaune mung sepisanan pas meh ujian. Sisteme dikebut sakwengi. Dadine kadang ngelmu iku ora kerasa enak. Iki kayake kudu tak dandani.

.
Sapurane saumpama basa Jawane amburadul. Iseh pertama nyoba nulis ngo basa Jawa. Aku ngrasane, aku wong jawa ning langka nulis ngo basa jawa, dadi saiki aku nyoba. Matur suwon.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Penerapan Hukum Archimedes

Menjagamu

Garis Finish Lari Tadi